Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuil.
Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo cekak, novel iku luwih daa lan luwih genep isine.
A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Perangan - perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadean crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan itu gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak itu genep karo watake. Kayata : sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita; alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ( 'aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ( 'dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakon. Dene amanat iku megapokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.
B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa pangripta kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik , upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku, amanat yaiku pangibadah ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.
C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh / cocog karo konteks lan aturan
Sinopsis yaitu ringkesan isine crita. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha urutan lan basa ing novele. Bakune nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) ora keno beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe.
D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranata
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen - bijen (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku panganggit / pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasustran diarane lisensia poetika.
Matur Nuwun ~~~
sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Yudhistira
Terimakasih infonya,sangat menarik
BalasHapus1👍
BalasHapusMantap betul..
BalasHapusSip
BalasHapusTerimakasih Infonya 🙏
BalasHapus👍
BalasHapus