Rabu, 05 Februari 2020

BAB 6 CRITA RAKYAT KELAS XI

A. Crita Rakyat 
       
             Yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat duwe unsur - unsur pambangunan, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.

             Tema yaitu pokok permasalahan ing sajroning crita. Latar (setting) yaiku panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindo, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.


  • Titikane crita rakyat
              a. Panyebarane kanthi lesan
              b. Duweni sipat tradisional
              c. Sugih cakrik lan variasi
              d. Jenenge pangripta ora konangan
              e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


  • Mupangate crita rakyat :
              a. Rekreatif : yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
              b. Dedaktif  : yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai - nilai kabeneran lan kaapikan
                                    kang ana ing sajroning crita.                           
              c. Moralitas : yaiku ngemu nilai - nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca
                                    bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
              d. Estetis     : yaiku menehi nilai - nilai kaendahan
              e. Relegiusitas : yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha
                                        kanggo para kang maca


  • Unsur crita rakyat :       
             a. Tema : ide pokok utawa permasalahan utawa kang ndhasari lakuning crita.
             b. Latar (setting) : latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,
                                           papan panggonan lan sosial budaya.
             c. Paraga : paraga ing sajroning crita.
             d. Alur (plot) : rerangkening prastawa ing sajroning crita.
             e. Amanat : pesen kang ana ing crita.
             f. Sudut pandang : nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
             g. Konflik : perkara kang dadi punjere crita.

B. Sinopsis 

            Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Kang kudu digatekake yaiku :
a. Tema          : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar          : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur           : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut bajur bisa digawe sinopsise.


Matur Nuwun  ~~


sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Yudhistira

BAB 3 PAWARTA KELAS X

Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka sarane, ana pawarta kang nggunakake nedhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Medhia cithak tuladhane ariwarti utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Medhia elektronik tuladhane radhio (media audio), televisi ( media audio-visual ), lan internet ( media sosial ).

A. Maca lan Nemokake Isine Teks Pawarta

              Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani nganggo mangsuli pitajon kang gegayutan karo 5W + 1H , kang jlentrehe :

- What   : kedadeyan apa kang diwartakake / dikabarake.
- Who    : Sapa wae kang diwartakake.
- When  : Kapan wektu kalakone kadadeyan
- Where : Ing ngendi papan kelakone kedadeyan
- Why    : Haneya bisa kalakon kadadeyan
- How    : Kepriye munggu kelakone kedadeyan.

B. Nanggapi Pokok - pokok Isine Teks Pawarta

            Supaya bisa nanggepi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca, prayogane para siswa ngerti ragangan utawa strukture pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4 perangan kang baku, yaiku dateline, lead, lan blegere pawarta.

C. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Bahasa Kontekstual

            Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti - bukti liyane iku papane ana ning perangan bleger. Cara anggone panulis nyuguhake bleger adhakane nggunake modhel piramida uata kronologis utawa piramida kuwalik utawa uga black paragraph.
           Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kedadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene modhel black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.

D. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara

             Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya marang wong sing ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa kanthi : swara kang cukup, kedal kang cetha, lan napas kang pener.
             Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liayne kudu cetha. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.


Matur Nuwun ~~

sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Yudhistira

Kamis, 16 Januari 2020

BAB 4 GAMELAN KELAS XII

Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa - pangrasen menungsa mau nalika ngrasake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu - lagu utawa tembang Jawa kang umume diarane gendhing.

Ricikan utawa jeneng - jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata : bonang panerus, bonang barung, kempul lan gong, kenong, slentem, gender panerus, gender barung, demung, saron panerus, saron barung (1), saron barung (2), gambang, kethuk lan kempyang, rebab, sarta kendhang.


A. Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan

         Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangke utawa njelaske kedadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha. Tuladhane ;

Gamelan

      Gamelan iku dumadi saka piranti werna - erna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.

      Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6 dene laras pelog isine titilaras 1,2,3,4,5,6,7. Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake jinis iku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi, pathet iku padha karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet 5, pathet 6, lan pathet manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna - werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.


B. Mbedhah perangane teks eksposisi

       Tuladha eksposisi ing nduwur bisa ditemokake titikane teks eksposisi. Tititkane yaitu ana pambuka, isi, lan panutup. Cethane kaya ing ngisor iki.

PAMBUKA         : Gamelan iku dumadi saka piranti werna - werna nanging tetep nyawiji

ISI                       : Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang
                              endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe irama,
                              larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.

                              Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6 dene laras pelog isine titilaras 1,2,3,4,5,6,7.
                              Laras slendro lan laras pelog kabedakake maneh jinise. Sarana kanggo mbedakake
                              jinis iku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake
                              titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi, pathet iku padha
                              karo nada dasar. Pathet ing laras slendro ana pathet 5, pathet 6, lan pathet
                              manyura, dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang.

PANUTUP         : Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna - werna nanging ora ngilangi
                             sipate kang nyawiji.

C. Nulis teks eksposisi ngenani gamelan nganggo basa kang cocog karo kahanan lan pranatane

        Nulis teks eksposisi iku ora angel watone manut pranatan utawa aturan kang gumathok. Pranatane kang gumathok yaiku ana pambuka, isi, lan panutupe. Bab apa wae kang arep dieksposisikake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene.

Pambuka     : A iku B

Isi                : B = B1+B2+B3+B ...
                      B = ................. ; B2 = .............. ; B3 = ............... ; B = ............

Panutup       : B nuduhake menawa A....

Matur Nuwun ~

sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Yudhistira











Rabu, 15 Januari 2020

BAB 2 NOVEL KELAS XI

Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuil.
Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo cekak, novel iku luwih daa lan luwih genep isine.


A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

                  Perangan - perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadean crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
             
                  Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan itu gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak itu genep karo watake. Kayata : sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita; alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ( 'aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ( 'dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakon. Dene amanat iku megapokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

                Amanat iku wujude gagasan utawa pangripta kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik , upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku, amanat yaiku pangibadah ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.

C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh / cocog karo konteks lan aturan

                Sinopsis yaitu ringkesan isine crita. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha urutan lan basa ing novele. Bakune nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) ora keno beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe.

D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranata
   
               Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen - bijen (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda.  Isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku panganggit / pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasustran diarane lisensia poetika.

Matur Nuwun ~~~

sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Yudhistira

BAB 2 GEGURITAN KELAS XII

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamu. Cacahe larik, cacahe wanda,cacahe pada, tembung - tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa - biasa wae.


A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan - perangane

     Nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki :
          a.  Maca kanthi premati, yen perlu dibolan - baleni.
          b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//)
          c.  Golekana tegese tembung - tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa
               lambang
          d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
          e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

           Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati - pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

           Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab - bab kaya mengkene.
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanti, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale)
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.

Tuladhane Geguritan :

Apa Bedane 
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prekara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah

apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan 
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

Matur Nuwun ~~~

sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Yudhistira